"Tari Topeng Bapang: Gagah lan Luhuring Budaya Malangan"
 
    Tari Topeng Bapang minangka salah siji kekayaan seni tari ing tlatah Malang. Tari iki kondhang amarga watak sing gagah, obahing awak sing mantep, lan makna sing jero. Tari Topeng Bapang dadi lambang keberanian lan luhuring budaya.    Topeng Bapng duweni ciri khas, yaiku warna abang, irung dawa, lan mata gedhe. Ciri-ciri iki nggambarake watak sing wani, heroik, lan siap ngadhepi tantangan. Beda karo topeng liyane, Bapang dadi simbol kakuwatan. Gerakan tarine uga mantep lan diiringi gamelan sing dinamis, nggawe pagelaran iki katon nrenyuhake.    Tari Bapang dudu mung obah-obahan kosong, nanging duwe crita, biasanĂ© dadi bagian saka Sendratari Topeng Malangan sing nyeritakake babagan Pandhawa utawa crita wayang. Liwat tari iki, nilai-nilai kepahlawanan lan sejarah kuno bisa diterusake marang generasi saiki.    Tari Topeng Bapang minangka bukti nyata saka  luhuring budaya Malangan. Kanthi gerakan sing gagah, crita sing jero, lan topeng sing nd...